TRESNA?
Dening Lc Lusia
Jam ing tangan ku nuduhke angka 07.15, aku cepet-cepet mlayu tumuju ing kelas XA sawise parkir motor. Tekan ing ngarep kelas keprungu suwantene Bu Berta, Guru Basa Inggris lagi nerangke bab present past tense, aku ndhadhak mandheg ora wani mlebu kelas amarga Bu Berta terkenal minangka guru kang killer ing sekolahan. Kira-kira sepuluh menit Bu Berta metu saka kelas, aku ndhelik ing mburi papan mading kelas banjur mlayu mlebu. Tekan kelas kanca-kanca padha nyoraki aku.
“Wah, hebat kowe Tang. Wis telat isih bisa lolos saka Madam Berta!” pambengoke Ridho, bocah paling mbeling ing kelas ku, aku mung mesem krungu komentare kanca-kanca. Aku banjur lungguh ing bangku tengah mburi dhewe, kanca-kanca cedhak ku A Ling, Restu lan Uny mandheg anggone nggarap tugas kelompok ngerti aku teka.
“Lintaaang…Walah dak kira ora mangkat. Telat meneh ngapa?” pitakone
A Ling kanca sebangku ku.
“Hehehe…Aku mau tangi kawanen, jam beker ku mati!” aku wangsulan.
“Hu…biasane ya nek mangkat pancen awan ta Lintang ki!” panyaute Uny.
“Ya ben…” aku mangsuli Uny karo nyengir.
“Uwis…uwis…ayo lek digarap tugase Bu Berta!” kandhane Restu.
“Tugas apa ta Tu?” pitakon ku.
“Iki lho, tugas gawe karangan bab present past tense.” Restu wangsulan, banjur aku, A Ling, Restu lan Uny dhiskusi gawe karangan.
Ing sekolahan ya kuwi kanca-kance cedhak ku, A Ling, bocah keturunan china sik pindhah neng Indonesia wiwit SMP, Uny kanca akrab ku saka SMP, lan Restu bocah kang jenius ing kelas ku, aku ora ngerti ngapa Restu milih gabung aku sakanca, A Ling lan Uny padhahal dheweke cah lanang. Aku dhewe Lintang, murid kang eneng celelekan lan kerep telat nanging uga nyekel juara II ing kelas, yen juara I kacekel dening Restu, kanca-kanca gumun nalika pengumuman raport semester wingi, aja meneh kanca-kanca aku dhewe uga gumun.
Suara bel ping telu wis keprungu, tandha istiorahat… Aku, A Ling, Restu lan Uny mlaku tumuju ing perpustakaan.
“Lintang…” keprungu suara saka mburiku.
“Eh ngapa Xel?” bareng tak toleh jebule Pixel, bocah lanang kang wiwit sewulan wingi statuse dadi pacar ku.
“Eh padha ndhisik wae…” kandha ku marang kanca-kanca.
“Ya… aja suwe-suwe lho Lin…” panyaute Restu.
Aku banjur ngomong karo pixel…
“Ana apa?”
“Aku…aku arep ngajak kowe nonton neng 21 sesuk. Gelem ora?” kandhane Pixel.
“Iya…” wangsulan ku cekak karo mesem.
“Nek ngono jam 9 aku neng ngomah mu ya?”
“Oke… Eh aku tak neng perpus dhisik, kanca-kanca wis nunggu aku.”
“Ya uwis, gek ranaa!” Pixel ngomong lan mesem banjur lunga.
Aku banjur mlebu ing perpustakaan, nggabung A Ling, Restu lan Uny. Wiwit saka SMP akeh kanca lanang kang nyeraki aku. Amarga ora ngerti apa maksude aku ya gelem wae nalika diajak dolan apa nggarap tugas bareng. Nanging wiwit Mas Angga, kakak kelas ku ing SMP ngomong tresna karo aku. Ana kanca-kanca lanang sek cerak karo aku uga ngomong yen dheweke tresna karo aku lan pengin aku dadi pacare.
Pacar ku kang kapisan Mas Angga, dheweke bocah lanang kang seneng omong lan bagus. Ora nganti rongwulan aku bubar karo Mas Angga amarga aku ngrasakake yen pacaran iku ngganggu anggonku sinau. Ananging sawise aku bubar karo Mas Angga kanca-kanca lanang sek creak karo aku padha teka maneh. Ing kelas III SMP aku pacaran karo Ryan, kanca beda sekolahan ananging padha-padha kelas III SMP. Dheweke beda banget karo Mas Angga sek akeh omonge. Ryan iku bocah kang menengan lan alim, aku kenal dheweke nalika diutus sekolah lomba mading. Nadyan aku wis nate pacaran lan cerak karo bocah lanang, nanging aku ngrasakake yen sejatine aku ora duwe rasa luwih karo Mas Angga lan Ryan.
Ing SMA iki, aku pacaran karo Pixel uga bocah seangkatan. Pixel lan aku kadang mangkat sekolah lan bali bareng. Nanging kadang aku uga gawa motor. Yen dina Minggu Pixel biasane ngajak aku dolan ya nonton film, neng gramedia golek novel utawa komik, utawa neng toko kaset golek lagu-lagu anyar jalaran aku lan Pixel uga seneng ngrungoake musik lan liya-liyane. Wis meh rongwulan anggonku pacaran karo Pixel, nanging aku isih tetep ora duwe rasa kang khusus karo dheweke, aku bingung apa ya mung ngene iki yen pacaran?
Ing dina Minggu nalika Pixel neng ngomah ku…
“Pixel, aku dina iki raisa dolan soale Abi lan Umi lagi tindakan, aku didhawuhi neng omah. Ngobrol neng kene wae ora apa-apa ta?” pitakon ku marang Pixel.
“Ya uwis. Neng endi wae ora apa-apa kok sik penting karo kowe.” kandhane Pixel.
Aku mung mesem.
Aku lan Pixel ngobrol lan maca-maca komik ing ngarepan.
“Lin, aku nunut neng toilet ya?”
“Ya, ben diterke Mbak Surti.” kandha ku lan nyelok Mbak Surti, rewang ku kang lagi nyapu latar.
“Mbak, Pixel terna neng toilet ya…” kandhaku marang dheweke.
“Iya Mbak.” Wangsulane Mbak Surti banjur mlebu.
“Sik ya Lin.” Kandhane Pixel banjur nututi mlebu.
Nalika Pixel neng toilet, keprungu nada panggilan saka HP ne Pixel, tak nengake nanging ora dipateni banjur tak angkat….
“Halo…”
“Halo, iki sapa ya? Pixel neng endi?” keprungu suara cah wadon.
“Aku Lintang, pacare Pixel. Lha iki sapa?”
Tut…tut…tut…wong mau ora njawab malah telpone diputus. Saka telpon kuwi aku ora cubriya, pancen akeh cah wadon kang seneng marang Pixel nanging dheweke wis ngwenehi penjelasan bab iku.
“Sapa Lin sik telpon?” pitakone Pixel saka mburi ku, ora ngerti kapan tekane.
“Ora ngerti suarane cah wadon. Tak takoni sapa malah ditutup.”
“Oh…ngono, nanging kowe wis ngerti ta? Ora-”
“He’em… ora kok…”
“Ya uwis. Ehm… aku tak bali ndhisik ya, janji arep ngeterake Ibu arisan.”
“Kok dhadhakan ta?”
“Aku lali, lha iki lagi wae Ibu sms.”
“Oh…ya uwis nek ngono.”
Aku banjur ngeterke Pixel tekan pintu gerbang…
“Bali sik ya…” kandhane Pixel karo mesem saka motore.
“Ya…ngati-ati.”
Sawise Pixel lunga aku banjur nerusake anggonku maca novel ing teras, ora let suwe Abi lan Umi kondur. Kira-kira jam 3.00 sore aku dolan dhewe ing taman umum sik ora adoh saka ngomah nggawa pit, nalika lagi seneng-senenge nyawang danau aku ndelok cah lanang kang aku kenal, ora liya Pixel. Nanging dheweke ora dhewe, ana cah wadon kang ngancani. Ngerti kedadeyan kaya ngono mau aku banjur bali. Ora bisa tak gambarke rasa mangkel ku marang Pixel.
Wengi iki nalika aku lagi nggarap PR Pixel telpon…
“Halo…”
“Halo Lintang. Lagi ngapa?”
“Lagi nggarap PR. Wis ya aja ngganggu!” durung nganti Pixel mangsuli HP banjur tak pateni. Isuke ing sekolahan..
“Lintang…” Pixel ngendhek aku nalika arep neng kantin.
“Ana apa?” wangsulan ku karo cuek.
“Kowe ki ngapa ta Lin?”
“Ngapa? Ora ngapa-ngapa kok!”
“Ngapusi! Lha wong dak telpon wae malah dipateni, aku salah apa ta Lin? Iya nek ana salah aku minta maaf.”
Aku meneng…
“Lintang! Ngomongo aja meneng wae aku salah apa ta?”
“Wingi, kowe neng taman karo sapa? Ngomonge arep ngeterke ibu arisan, kok malah neng taman?”
“Owalah… Oke, tak jelaske ndhisik. Wingi aku pancen ngapusi kowe. Nanging sik tok delok neng taman kae ki ora kaya sik tok pikirke? Cah wadon sik wingi karo aku kae ki Ayu, putrane Pak Lik ku sik wingi rawuh saka Solo. Wingi ibu ndhawuhi aku ngancani Ayu dolan amarga Pak Lik lan Bu Lik ku ya wong tuwane Ayu kuwi ana acara karo Bapak lan Ibu ku.”
Aku meneng…
“Percayaa Lin…”
“Lha ngapa kowe ndadak ngapusi aku?”
“Aku ngapusi kowe soale aku ora pengin kowe nesu karo aku… aku sayang karo kowe…”
Aku isih tetep meneng…
“Ora percaya? Ya uwis iki deloken dhewe foto-fotone nek ora percaya!” kandhane Pixel lan gelem ora gelem aku ndelok foto-foto iku. Pixel banjur ora setengah-setangah anggone crita bab dheweke lan keluargane kalebu cah wadon mau, Ayu. Sawise ndelok foto-foto iku lan ngrungoake critane Pixel aku percaya, dak delok saka mripate yen dheweke pancen jujur. Sawise kedadeyan iku aku lan Pixel tetep mlaku bareng.
Dina Minggu isuk aku resik-resik kamar. Kabeh barang dak bongkari banjur dipilihi, barang kang wis ora dianggo arep dak singkirke. Dumadakan aku weruh kotak foto…kotak mau banjur tak jupuk. Ing kotak iku ana foto-foto cah lanang kang nate cerak karo aku. Aku banjur kelingan mangsa-mangsa kepungkur, aku ngrasakake ana sik salah… bareng tak pikir-pikir rada suwe aku ngerti…
“Mbak…Mbak Lintang!” suarane Mbak Surti ngilangake angen-angenku.
“Ngapa Mbak?” lawang kamar banjur tak bukak.
“Anu Mbak… kae lho Mas Pixel pun ngenteni ten teras!”
“Oh… ya uwis, gawekna jus biasane ya Mbak.”
“Iya Mbak…” kandhane Mbak Surti aku banjur metu neng teras, Pixel wis nunggu neng kana.
“Hai.. lagi ngapa?”
“Ora ngapa-ngapa kok, reresik kamar wae.”
“Oh… Ehm…dina iki arep neng endi, apa arep ngobrol neng ngomah wae?” pitakone Pixel.
“Ngobrol neng ngomah wae ya.” wangsulan ku.
“Oke…” kandhane Pixel karo mesem ngerti yen aku lagi bad mood.
Setengah jam lewat, aku lan Pixel isih neng teras omah ku, sik tak pikir dina iki bakal dadi dina terakhir aku lan Pixel. Alon-alon aku nyoba ngomong marang Pixel…
“Xel, aku tak ngomong sek jujur. Nanging kowe bakal nesu ora?!”
“Ngomong apa ta?”
“Aku…aku…aku pengin saiki awake dhewe kancanan wae-”
“Lho sebabe apa?” pitakone Pixel kaget ora nyana yen aku bakal ngamang ngono.
“Aku ora ngerti-”
“Maksude piye?”
“Perasaan ku karo kowe ki sakjane ora luwih.” aku banjur ngomong lan ngwenehi penjelasan marang dheweke. Rada suwe anggonku ngwenehi penjelasan marang Pixel, nanging dheweke tetep ora bisa trima…
“Nanging aku tresna karo kowe Lin!”
“Aku ora isa…maaf ya Xel.”
“Kowe ki sakjane ngerti ora ta artine tresna?” pitakone Pixel.
Aku ora bisa mangsuli…meneng karo neteske luh. Pancen sejatine aku ora ngerti… Pixel kang kuciwa banjur ngadeg saka kursi, motore distater, banjur lunga ninggalke aku. Sawise dina iku Pixel ora tau meneh teka neng ngomah ku.

No comments:
Post a Comment